SIFAT SIFAT IMAN MANUSIA (KULTUM)

Innal hamdalillahi nahmatuhu wa nasta’iinuhu wa nastaghfiruhu wa na’uubillahi min syurruri anfusina wa min syai’ati a’maalina . May yahdihillahu fala mudhillalahu wa mayyudhlil fala haadiyalahu. Wa Asyhadu Alla Ilaha Illalloh wah dahu laa syariikalah. Wa asyhadu anna Muhammadan abduhu wa rosuuluh. Qolallahu ta’ala fii hil qur’anil karim a’udzubillahi minasysyaithanirrojim bismillahi rahmannirahim

Wa qoola rasulullah qolbu mu’mini asyaddu tuqolubamminal qidri fii ‘alyaaniha. Shodaqqallah wa shodaqaa rasul.

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah,

Keparenga ing mriki kula ngaturaken sedkedhik ngingingi bab sifat- sifatipun iman. Mugi2 atur ingkang namung sekedhik punika mangkeh sagedo nambahi seserepan kulo lan panjenengan ingkang tundhonipun saged anambahi iman dalah taqwa dumateng Allah swt. Amin

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah,

Monggo panjenengan sedoyo kanthi kulo dherekaken tansah ngunjukaken raos pujo dalah puji syukur namung konjuk Ngarso Dalem Alloh swt awit sampun mboten saged dipun etang malih kanikmatan2 ingkang sampun kulo lan panjenengan tampi saking Alloh swt. Kados kanikmatan kesehatan lan kesempatan saenggo kulo lan panjenengan saged menangi malih wulan ramadhon kanthi nindakaken siam lan amalan2 sanesipun. Langkung2 kanikmatan Iman lan Islam saenggo kito taksih nggadhahi pengajeng2 badhe slamet gesang ing ndonya ngantos ing akherat magkeh. Sholawat lan salam mugi konjuk junjungan kito Nabi Agung Rasulullah Muhammad saw ingkang sampun mbeta pepadhang kangge gesang kita lan ingkang tansah kita ajeng syafa’atipun ing yaumul akhir mangkeh

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah

Ing wulan ingkang suci punika ugi kito ginaaken kangge bermuhasabaha, introspeksi jan-jane tugas kito gesang ing alam donya punika punapo to? Tugas kito puniko jan2e naming setunggal inggih puniko naming kangge Ngabdi dumateng Allah swtkados firman Alloh wonten ing surat Ad Dzariyat 56

“ Lan ora Aku cipta jin lan menungso kajobo kanggo manembah marang Aku”

Kangge sagedipun manungso manembah dumateng Alloh, Alloh swt sampun nyipta manungsa pinangka makhluk ingkang paling sampurno katimbang makhluk sanesipun. Kajawi punika manungso dipun hadiahi donya saisinipun lan akal pinongko kangge sangu gesang.Nanging jeneng menungso niku- wonten ingkang mastani menus2 kakerhan dosa- asring kesupen tugas utama kito awit saking ketutup kalian urusan kadonyan.

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah

Supados saged manembah dumateng Alloh swt kanthi leres kito kedah ngangge sarono agami Islam awit namung islam agami ingkag dipun ridhani dening Alloh swt kados firmanipun Alloh wonten ing surat Ali Imron 85

“ Lan sing sopo nggoleki agama sakliyani Islam ora bakal tinompo dheweke lan ing akherat mengko dheweke klebu wong2 kang rugi”

Kangge ngrungkebi Islam kanthi saestu kedah dipun dhasari Iman ingkang kiat mboten Iman ingkang sak-sake.

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah,

Keimanan punika piyambak mboten ajeg, saged Kirang saged tambah pramila kedah dipun jagi kanthi saestu supados mboten miyur kenging oimbyaking kahanan. Kanjeng Nabi piyambak ngendiko “ Al Imaanu yaziedu wa yanqushu : Iman iku bias tambah bias kurang”. Bertamabah menopo berkurangipun iman punika dipun pengaruhi dening factor saking lebet (internal) lan factor saking njawi (eksternal). Faktor internal puniko akal lan fithrah ingkah mbeto manungso dumateng kasaenan inkang tundonipun mnambahi keimanan. Faktor internal sanesipun inggih punika hawa nafsu ingkang mbetomanungso dumateng tumindak awon inking tundonipun ngirangi keimanan. Akal/fitrah lan hawa nafsu tansah memengsahan salaminipun. Wonten kalanipun fgitrah/akal ingkang mimpang saenggo imanipun menungso tambah. Kosok wangsulipun menawi hawa nafsu ingkang mimpang keimanan kita badhe kirang. Kanthi syiam romhadon punika salah setunggalipun hikmah inggih punika melawan hawa nafsu.

Ibu-ibu,bapak-bapak sidang sholat isya’ lan tarawih rokhimakumullah,

Ing saljengipun factor eksternal. Dumateng manungso gusti Alloh tansah maringi petunjuk (hidayah) ananging dumateng manungso ugi syetan tansah ngiming2i godaan. Hidayah tansah